PROTEIN
23:05

Protein (oyoting tembung protos saka basa Yunani sing tegesé "sing paling utama") yaiku senyawa organik komplèks sing nduwé bobot molekuldhuwur sing arupa polimèr saka monomèr-monomèr asam amino sing digandhéngaké siji lan sijiné kanthi ikatan peptida. Molekul protein ngandhut karbon, hidrogen, oksigen, nitrogen lan sok-sok uga sulfur sarta fosfor. Protein nduwé peran wigati ing struktur lan fungsi kabèh selmakluk urip lan virus.
Akèh protein arupa enzim utawa subunit enzim. Jinis protein liya nduwé peran ing fungsi struktural utawa mekanis, kaya umpamané protein sing mbentuk batang lan sendi sitoskeleton. Protein kalibat ing sistem kakebalan (imun) minangka antibodi, sistem kendali ing wangun hormon, minangka komponen panyimpenan (ing wiji) lan uga ing transportasi hara. Minangka salah sawijining sumber gizi, protein nduwé peran minangka sumber asam amino kanggo organisme sing ora bisa nggawé asam amino kasebut (heterotrof).
Protein arupa salah siji saka biomolekul raksasa, saliyané polisakarida, lipid, lan polinukleotida, sing arupa panyusun utama makluk urip. Saliyané iku, protein arupa salah siji molekul sing paling akèh ditliti ing biokimia. Protein ditemokaké déning Jöns Jakob Berzelius ing taun 1838.
Biosintesis protein alami padha karo ekspresi genetik. Kode genetik sing digawa DNA ditranskripsi dadi RNA, sing duwé peran minangka cithakan kanggo translasi sing dilakokaké ribosom. Tekan tahap iki, protein isih "mentah", mung kasusun saka asam amino proteinogenik. Liwat mekanisme pascatranslasi, kawangun protein sing nduwé fungsi kebak sacara biologi.
Struktur
Struktur protein sing disawang minangka hirarki, yaiku arupa struktur primèr (tingkat siji), sekundèr (tingkat loro), tersièr (tingkat telu), lan kuartenèr (tingkat papat). Struktur primèr protein arupa urutan asam amino panyusun protein sing dihubungaké liwat talènan peptida (amida). Sauntara iku, struktur sekundèr protein iku struktur telung dimensi lokal saka manéka rangkéyan asam amino ing protein sing distabilaké déning talènan hidrogen. Manéka wangun struktur sekundèr upamané yaiku:
§  alpha helix (α-helix, "puntiran-alfa"), arupa pilinan ranté asam-asam amino wewangun kaya spiral;
§  beta-sheet (β-sheet, "lempeng-beta"), arupa lembaran-lembaran amba sing kasusun saka sapérangan ranté asam amino sing silih kaiket liwat talènan hidrogen utawa takènan tiol (S-H);
§  beta-turn, (β-turn, "lekukan-beta"); lan
§  gamma-turn, (γ-turn, "lekukan-gamma").
Gabungan saka manéka ragam saka struktur sekundèr bakal ngasilaké struktur telung dimensi sing dijenengi struktur tersièr. Struktur tersièr biasané arupa gumpelan. Sapérangan molekul protein bisa silih interaksi sacara fisik tanpatalènan kovalen nggawé oligomèr sing stabil (upamané dimèr, trimèr, utawa kuartomèr) lan nggawé struktur kuartenèr. Conto struktur kuartenèr sing misuwur yaiku enzim Rubisco lan insulin.
Struktur primèr saka protein bisa ditemtokaké kanthi sapérangan metode: (a) hidrolisa protein karo asam kuwat (i.e., 6N HCl) lan banjur komposisi asam amino ditemtokaké kanthi amino acid analyzer instrumen, (2) sekuen analisa saka N-terminus kanthi migunaaké degradasi Edman, (3) kombinasi saka pancernan karo trypsin lan mass spektrometri, lan (4) panemton molekular mass kanthi mass spektrometri.
Struktur sekundèr bisa ditemtokaké kanthi migunaaké spektroskopi circular dichroism (CD) lan Fourier Transform Infra Red (FTIR). Spektrum CD saka puntiran-alfa nuduhaké rong absorbans negatif ing 208 lan 220 nm lan lempeng-beta nuduhaké siji negatif peak watara 210-216 nm. Estimasi saka komposisi struktur sekundèr saka protein bisa dikalkulasi saka CD spektrum. Ing spektrum FTIR, pita amida-I saka puntiran-alfa iku béda karo pita amida-I saka lempeng-beta. Dadi, komposisi struktur sekundèr saka protein uga bisa diestimasi saka IR spektrum.

0 komentar:

Post a Comment